Sunday, November 11, 2012
Tuesday, November 6, 2012
CERITA WAYANG BAHASA JAWA
N A M A : SHANTI ANTARI
K E L A S : TUJUH B[7B]
NO ABSEN: 12
TUGAS BAHASA JAWA
CERITA WAYANG
SUMANTRI NGENGER
Ing pertapan
Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro
lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude
satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing
nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang
adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
Nalika
Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa
suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake
punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake
sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
Lakune
Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri
banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri
budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara
Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane
Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing
bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika
lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur
arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa
suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri
nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.
Ing Negara
Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha
gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.
Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke
migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti
cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan
putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa
ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin
dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna
Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak
suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi
andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat
panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu
Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna
Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake
lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha
sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri
kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu.
Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna
Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika
lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine
titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan
Suwandhagni.
Weruh sanjata
Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna
Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra
disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing
kemaki. “Sumantri, kowe ora pantes dadi satriya, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe
Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya.
Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih
satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri
banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa
muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari
kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri
sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh
lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni. Lakune
Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake
kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri. “nek
mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.“Tenan,
Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya,
Dhi!” kandhane Sumantri memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate,
Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu
Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu
Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari
mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal
ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine.
Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati,
gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri
ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana
diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga
Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana
dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit
kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran
marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya
nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake
kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni
Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem
amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati.
Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep
ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone
eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane
Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji,
Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe
perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku,
Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.Sumantri gela, Sumantri
sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang
amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti
marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji
ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan
kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka
Ngalengkadiraja.
Subscribe to:
Posts (Atom)